Khutbah Ketika Gerhana dalam Bahasa Jawa


Khutbah Gerhana (Bahasa Jawa)

Oleh M Nasrullah Huda, ketua LBM NU Jepara*
الخطبة الأولى
اَلحَمْدُ لله الَّذِى خَلَقَ
السَّموَاتِ وَالأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّوْرَ ثُمَّ
الَّذِيْنَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَحْمَدُهُ – جَلَّ شَأْنُهُ
– خَلَقَ الَّليْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَكُلٌّ فِى
فَلَكٍ يَسْبَحُوْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ
وَسَلَّمْتَ وَبَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
أَمَّا بَعْد, فَيَا عِبَادَ الله …. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن. يآأَيُّهَا
الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ
لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِماَ تَعْمَلُونَ.
 وَلَا تَكُوْنُوا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللهَ فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ أُولَئِكَ هُمُ الفَاسِقُونَ.  لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابُ الْجنَّةِ هُمُ الفَائِزُون
Hadirin kaum muslimin ingkang dipun rahmati dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala …..
Wonten kesempatan ingkang sae punika sumangga kitha sedaya tansah
nambahi raos ajrih kitha dateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala
kanti estu-estu anggenipun kitha ngelampahi punapa ingkang sampun dipun
perintah dening Allah Ta’ala ugi anebihi punapa ingkang sampun dipun
awis dening Allah Ta’ala. Sumangga kitha sesarengan sami ningali dateng
awakipun piyambak-piyambak, sampun ngantos pundi anggenipun kitha
ngumawula dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, menawi sampun sae
sumangga kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi.
Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya pikantuk rahmat lan ridha saking
ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah kawula mulyaaken …..
Menawi kitha ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge
ingkang saben enjing mlethek lan dados pepadhang sartha manfaati dateng
menungsa, nuli wekdal sonten surup, genthosan kalih rembulan ingkang ugi
dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, lintang ingkang saget
dados tetenger kagem kebetahan sugengipun menungsa, kitha saget
mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat
ingkang ngatur, kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang
andadosaken lan ingkang ngatur kala wau tentunipun kuwahos dateng sedaya
para makhluk, inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :
هُوَ الَّذِي
جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيآءً وَالْقَمَرَ نُوْرًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ
لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ مَا خَلَقَ اللهُ ذَلِكَ
إِلاَّ بِالْحَقِّ يُفَصِّلُ الآياَتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
* إِنَّ فِي اخْتِلاَفِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللهُ فِي السَّموَاتِ وَالأَرضِ لآيآتٍ لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ
“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi
lan rembulan ingkang dados cahaya lan anetepaken
panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedaya sami mangertosi
wilangan tahun lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken ingkang
kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda
keagunganipun kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertos.
Sak temenipun wonten gonta-gantinipun wengi lan rino lan perkawis
ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika yekti dados
tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya…
Kedadosan grahana wekdal punika supados saget dipun pendhet i’tibar
utawi tepa tulada kagem kitha sedaya kagem aningkataken kesadaran kitha
ngemut-emut keagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Rasulullah Saw sampun paring tuntunan dumateng kitha nalika wonten grahana wonten setunggal hadits :
خُسِفَتِ الشَّمْسُ فَقَامَ
النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَقَالَ : ” إِذَا رَأَيْتُمْ
شَيْئًا مِنْ ذَلِكَ فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ وَدُعَائِهِ
وَاسْتِغْفَارِهِ “
Setunggal wekdal nalika wonten grahana srengenge
Nabi Saw nuli jumeneng (kagem ngelampahi shalat) lan dawuh : “ menawi
panjenengan sedaya mirsani grahana, mangka panjenengan sedaya
enggal-enggal  anggenipun dzikir dateng Allah, ndonga dateng Allah lan
nyuwun pangapunten dateng Allah “
Wonten 3 (tigang) perkawis ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kitha sedaya wekdal wonten grahana.
Ingkang kaping sepisan, فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ,
kitha sedaya supados enggal-enggal dzikir, emut dateng Gusti Allah.
Dzikir dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika manfaatipun wangsul
dumateng awak kitha piyambak-piyambak.
Dawuhipun Allah Ta’ala wonten Alquran :
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
“ Tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah lan manahipun sami
anteng keranten dzikir dumateng Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng
Allah punika (nyebabaken) antengipun manah “
Menawi kitha kepengen manah kitha resik saking sedaya penyakit
ingkang saget ngotori, kados unek-unek, nggresah, hasud lan
lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten sanes dzikir
dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan
ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun
ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti nggaoto
awak ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.
Ingkang kaping kalih, وَدُعَائِهِ , ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah. اَلدُّعَاءُ هُوَ العِبَادَة . Nyuwun
dumateng Allah ugi dados otakipun ibadah, keranten ngetingalaken
kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk ingkang asor lan f
akir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung, Sugih, panggenan dipun suwuni. Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha ndunga, nyuwun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-Baqarah 55 :
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ (55)
“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami ngliwati wates “
Supados dunga kitha dumateng Allah dipun ijabahi
sampun sak mesthinipun menawi ndunga dipun lampahi kanti netepi adab
utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe
utawi ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat
kasebat.
Ingkang kaping tiga, وَاسْتِغْفَارِهِ ,
nyuwun pangapunten dumateng Allah saking sedaya dosa lan kalepatan
ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak mesthinipun menawi  istighfar
punika mboten namung dipun ucapaken mawi lisan kemawon, nanging ugi
kedah dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni dosa ingkang sampun
dipun lampahi lan dipun buktikaken kanti tumindak kitha anggenipun
nglereni lan mboten badhe nglampahi dosa lan tumindak ala kasebat.
Menawi sampun saget mekaten InsyaAllah istighfar kitha dipun tampi
dening Allah Subhanahu
wa Ta’ala.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya ….
Wonten masyarakat kitha kadang kawis wonten
anggepan bilih kedadosan grahana punika wonten hubunganipun kalayan
kedadosan-kedadosan sanes ingkang sifatipun mistik, kados anggepan bilih
grahana punika dados tanda badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan
sanes-sanesipun. Anggepan punika sampun sak mestinipun kelintu, keranten
sak mestinipun kedadosan grahono punika namung nedahaken dumateng
keagungan lan kuasanipun Gusti Allah. Rasulullah SAW – wekdal putranipun
Sayyid Ibrahim wafat, lan kala wau nembe wonten grah
ana– dawuh wonten setunggal hadits :
إِنَّ الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ
آيَتاَنِ مِنْ آياَتِ اللهِ لاَ يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا
لِحَياَتِهِ فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَاذْكُرُوا اللهَ
“ Sak temenipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda kuasanipun Allah.
Srengenge lan rembulan mboten kekadosan grahana keranten seda utawi
gesangipun tiyang. Nalika panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan
sedaya sami dzikir dumateng Allah “.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya …..
Kanti kedadosan grahana wekdal punika mugi-mugi saget dados
pepeling kagem kitha sedaya supados inggal-inggal taubat, wangsul
dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya
saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun Allah lan dipun
tebihaken saking sedaya bala’ lan pancabaya, Amin Allahumma Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ
. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

الخطبة الثانية
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ
أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ،
إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ
. وَأَشْهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً
لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ
مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ
الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ
وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ،
وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ
.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ
يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى
وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ
لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
.


IKADI KEC NGUTER KAB SUKOHARJO
☘Sekretariat : Jl Raya Solo Wng Km 22 Sukoharjo
☘Butuh Khatib Dai Wilayah Nguter Sukoharjo 📞 081-2261-7316


Gabung channel telegram.me/ikadi_nguter
💈IG : @ikadi_nguter
💈Telegram : @ikadi_nguter
💈Fb.: Tausiyah Singkat
Ikatan Dai Indonesia (IKADI) Kec. Nguter Kab. Sukoharjo
Menebar Islam Rahmatan Lil ‘Alamin



Toko Busana Keluarga Muslim
GRIYA HILFAAZ 
Toko Busana Keluarga Muslim

Leave a comment