KHUTBAH JUMAT JAWA NUKULAKEN SIFAT PERDULI LAN RUH BERKORBAN


Rectangle: Rounded Corners: EDISI 393
19 Januari 2024 M
7 Rajab 1445 H

NUKULAKEN SIFAT PERDULI LAN RUH BERKORBAN

Dening: Ust. Sihnarman, M.Pd.
(Bidang Organisasi dan Keanggotaan, PW Ikadi DIY)

Nyalin Basa: Ust. Dhanie Asy-Syakieb, M.Pd.
(PD Ikadi Bantul,  DIY)

الْـحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعٰلَمِينَ، نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ.

أَشْهَدُ أَن لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مَحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِين، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.

أَمَّا بَعْدُ:

فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِى بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَىٰ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ:

((يٰٓأَ يُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا ٱتَّقُوا ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ  وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ)) 

((يٰٓأَ يُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا ٱتَّقُوا ٱللَّهَ وَقُولُوا قَولًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۞ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا))

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Sedaya pangalembana syukur tansah kunjuk dhumateng Illahi Rabbi,  awit sedaya kanikmatan lan kanugrahan, mliginipun nikmat iman lan kasarasan, sahingga kula lan panjenengan sami dipun paring kalodangan dening Gusti Allah SWT kagem nindaaken Sholat Jum’at kanthi jamaah.

Waosan shalawat saha salam dhumateng tepa palupi, Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang  sampun paring paugeran dhumateng kula lan panjenengan sami kagem bekti tuhu dhumateng Gusti Allah Ta’ala.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Mangga kula lan panjenengan sami saget nuladani piwucal Islam, khususipun ngengingi babagan kapeduliyan lan ruh berkorban. Sifat peduli lan pangorbanan punika minangka ciri khas ipun umat Islam ingkang tansah dipun dhawuhaken wonten ing Alquran lan hadits kanjeng Nabi Muhammad Saw.

Kapeduliyan lan ruh berkorban inggih punika peranganipun kalih konsep ingkang gegayutanipun wonten ing Islam. Kepedulian punika nedahaken dhumateng kula lan panjenengan sami kagem mangertosi kawonanipun piyantun sanes, punapa  wonten ing lingkup regional utawi global. Kapeduliyan punika ugi mboten namung perkawis pangandikan ananging nyakup tumindak nyata wonten ing panggesangan saben dintenipun ugi.

Allah Subhanahu wa Ta’ala  paring pangandikan wonten ing Al Quran :

يٰٓـاَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوْآ اَنْفِقُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا كَسَبْتُمْ وَمِمَّآ اَخْرَجْنَا لَـكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ ۖ وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيْثَ مِنْهُ تُنْفِقُوْنَ وَلَسْتُمْ بِاٰخِذِيْهِ اِلَّآ اَنْ تُغْمِضُوْا فِيْهِ ‌ؕ وَاعْلَمُوْآ اَنَّ اللّٰهَ غَنِىٌّ حَمِيْدٌ

He wong kang padha iman! Infaqna sapérangan asil saka usaha sing apik lan sapérangan sing Ingsun tokne saka  bumi kanggo kowe kabeh. Aja milih sing ala kanggo diwenehke, sanajan kowe dhewe ora pengin njupuk nanging kanthi nyelipake mripat (wegah) marang kui. Lan padha sumurup yen Allah iku Maha Kuwasa, Maha Pinuji. (Q.s. Al-Baqarah: 267).

Kula lan panjenengan sami saget mendhet piwucal sae saking ayat kasebat, bilih infak saking pedamelan ingkang sae lan dipun gayuh kanthi cara ingkang halal, amargi Gusti Allah Ta’ala namung nampi perkawis ingakang becik kemawon.

Makaten ugi, ampun mendhet margi ingkang awon kagem dipun infakaken dhateng sesami gesang, awit perkawis awon temtunipun badhe manggihi kawontenan ingkang awon ugi saha mboten badhe dipun estuni dening Gusti Allah Ta’ala.

Yektos, kula lan panjenengan sami mangertosi bilih Gusti Allah Ta’ala punika Dzat Ingkang Maha Sugih. Panjenenganipun Gusti Allah Ta’la mboten badhe mbetahaken sedekah kula lan panjenengan sami. Ananging sedekah punika estu kagem kasaenanipun piyantun ingkang cecaos.

Gusti Allah Ta’ala ugi Dzat Ingkang Maha Terpuji ingkang mboten mbetahaken sedekah kita sedaya. Sedekah punika estu kagem piyantun ingkang sampun cecaos kagem sesami gesang. Gusti Allah Ta’ala badhe paring ganjaran kasaenan dhumateng titahipun ingkang sedekah.  Tiyang ingkang temen-temen pitados tamtu badhe nglampahi barang ingkang sae, menawi piyambakipun gadhah niat kangge nyucekaken dhiri lan nguwataken jiwanipun.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring tepa palupi ingkang nyata wonten ing panggesangan saben dintenipun. Inggih punika kanthi tumindakipun ingkang landesi kanthi katresnan. Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam tansah caos pambiyantu lan ngangkat derajat para shahabatnipun ingkang mbetahaken, tanpa mbentenaken setunggal lan setunggalipun, punapa suku, ras saha status sosial.

Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wassalam  ngendika :

الرَّاحِمُونَ يَرْحَمُهُمْ الرَّحْمَنُ ارْحَمُوا مَنْ فِي الْأَرْضِ يَرْحَمْكُمْ مَنْ فِي السَّمَاء

Wong sing welas asih bakal ditresnani dening ar-Rahmaan (Allah). Tresna marang kang ana ing bumi, lan kang ana ing langit bakal tresna marang kowe (H.r. atTirmidzi dari Abdullah bin ‘Amr)

Sifat peduli ingkat saestu tulus ikhlas ugi ndadosaken ruh berkorban. Ruh berkorban punika nedahaken dhumateng kula lan panjenengan sami supados lila lan legawa cecaos dhumateng sesami gesang saking nikmat lan keberkahanipun Gusti Pangeran Allah Ta’ala. Islam nedahaken dhumateng umatipun bilih rizki ingkang dipun tampi punika, minangka amanah Saking Gusti Allah Ta’ala ingkang kedah dipun ginaaken kanthi wicaksana.

Monggo wonten ing panggesangan punika, kula lan panjenengan sami ngiyataken kapedulian ingkang tulus ikhlas lan ruh berkorban ingkang dipun adedasari tresna katresnan wonten ing margi Gusti Allah Ta’ala.  Cecaos punapa kemawon dhumateng sesami gesang lan ugi caos pambiyantu manawi adedasaripun tresna katresnan, pramila badhe nukulaken ukhuwah utawi pasedherekan ingkang estu lebet sanget. Lan temtunipun katresnanipun Gusti Allah Ta’ala mugio tansah kaparingaken dhumateng kita sedaya.

Makaten, mugi Gusti Allah Ta’ala, maringaken kula lan panjenengan sami katresnan kagem nindakaken kasaenan lan amal ingkang dipun ridhoi Gusti Allah, amin ya rabbal alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْم، أَقُوْلُ مَاتَسْمَعُوْنَ، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْـمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْه، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

Khutbah Kaping Kalih

الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِه، وَأَشْهَدُ أَن لَّآ إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِه، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحمَّدًا عَبدُهُ وَرَسُولُهُ الدَّاعِي إِلٰى رِضْوَانِه، أَمَّا بَعْدُ :

فَيَا عَبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلاَ تَـمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون:

 ﴿إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً﴾

 اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إنَّكَ حَمِيْدٌ مَـجِيْد، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْـخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْن، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ، وَعَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعَيْن ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنـِّكَ وَكَرِمِكَ يَا أَكْرَمَ الْأَكْرَمِيْن .

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

 اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإسَلَامَ وَالْـمُسْلِمِيْن وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْـمُشْرِكِيْن

 رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

 رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

 رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 والْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، أَقِيْمُوا الصَّلَاة…

Leave a comment