KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA


KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA
JAWA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ
وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ
اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ
وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ
الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ
وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
الله
أكبر 3× لله أكبر 3× لله أكبر 3
×
اللهُ
اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً
وَأَصِيْلاً،
لاَإلَهَ
اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ
.
Jamaah  ‘Aidiin wal ‘aidat
rohimakumulloh
Puji lan syukur, sumangga kita konjukaken wonten ngarso dalem Allah
SWT, ingkang tansah paring kanikmatan dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan,
kasarasan, karaharjan langkung-langkung nikmat 
iman lan  islam ing manah kita.

. لَئِن شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنكَفَرْتُمْ إِنَّ
عَذَابِيلَشَدِيدٌ
Shalawat saha salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng Rosululloh
Muhammad SAW, keluarga, shahabat, tabiin, tabi’it tabi’in, saha sedaya umat
ingkang tansah miderek sunnah-sunnah ipun.
Allohu Akbar-Allahu Akbar Walilahilhamd
Saklajengipun sumangga kita tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kita
wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh, 
sumangga kita angkah, tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita
dhedepe wanteng ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nilar
sedaya kemaksiatan lan awisanipun.
يَااَيُّهَا
الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ
وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Sumangga ing manah kita tansah nglenggana bilih kita menika titahipun
Allah, hambanipun Allah…kdhawuhan supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun
Allah.
وَمَا
خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالإنْسَ إِلا لِيَعْبُدُونِ
Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada
ngibadah marang ingsun Allah.
Sumangga kita tansah muhasabah, naliti kanti permati  titi lampah kita saben ndintenipun…sedaya
samukawis bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng Allah lan Rosululloh….
sageta enggal kita tilar.kita tebihi… kagantos kanthi titi lampah ingkang
midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati:
يَا
أَيُّهَاالَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ
لِغَدٍ ۖوَاتَّقُوااللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
He wong-wong kang iman, padha taqwa-o ana ngersane Allah. Lan
Supaya  padha nggatekna apa sing wis
ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha taqwa-o siro ing ngarsane
Allah, satemene Allah iku ngawuningani marang samubarang kang padha sira
tindakake.
Allohu Akbar 3x. Walillahilhamd
Jamaah Idhul Adha rohimakumulloh
Sedherek-sederek kita  ingkeng
wekdal menika nembe ngestokaken timbalanipun Allah,.. Labbaik Allahumma
Labbaik. Labbaika La syariika laka labbaik. Innal hamda wa nikmata laka
wal-mulka laa syarii kalak.”
Ing Tangggal 9 Dzulhijjah kala wingi sami makempal ing padang Arofah.
saperlu nindakaken wukuf… kawiwitan bakda zawal /bakda dhuhur dumugi wekdal
maghrib. Kalajengaken ing ndaluipun bermalam ing Muzdhalifah ngantos injing
wekdal fajar tanggal 10 Dzulhijjah tumuli tumuju wonten Mina nindakaken lempar
jumroh.
Allohu akbar 3x. Walillahilhamd
Wukuf ing padang Arofah menika pinangka intinipun ibadah
haji…..sedaya mawi pengagem kain ihram..kados dene kain kaffanipun
layon..ngemutaken dhateng kita, bilih kita sedaya badhe sedo, kapundhut wangsul
wonten ngarsanipun Allah..lan badhe kakempalaken ing padang mahsyar nampi
pengadilanipun Allloh.
Allohu Akbar-Allohu Akbar Walillahilham.
Wukuf ing Arofah..sedaya sami mboten bekta menapa-menapa…. sami
khusyuk tumungkul, dzikir, munajad, muhasabah, takbir, tahmid, tasbih,
istighfar….nglenggana sedaya dosa…sami sesenggukan, muwun pasrah nyuwun
pangaksama…ngajeng-ajeng kawelasan lan rohmat saking Allah Ta’ala……Wonten
swasana mekaten, sedaya pepaes kandonyan kados dene pangkat jabatan, kasugihan,
asal keturunan..lan sanes-sanesipun  sami
ical mboten wonten ajinipun…Saestu ngemutaken dhumateng kita…bilih
yektosipun kita pinangka manungsa ing ngarsanipun Allah sedaya manungsa menika
sami drajatipun….ingkeng mbentenaken injih menika ketaqwaan nipun.
إِنَّ
أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Saktemene uwong kang paling mulia ing antarane sira ana ing ngarsaning
Allah, yaiku wong kang paling taqwa…
Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahiilham
Ma’asyirol Muslimin rohimakumulloh
Dene kita sedaya, ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, sami nindakaken
amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkeng saestu ageng sanget ganjaranipun kados
katerangan hadist:
‘AN  ABI QOTADAH:  QOLA ROOSULULLOHI SHALALLAHU ALAIHI
WASALLAM:  SHOUMU YAUMI ‘AROFAH YUKAFFIRU
SANATAINI MAA DHIYATANN  WA MUSTAQQBILAH
 Hadist saka Abi Qotadah,
Rosululloh SAW ngendika: pasa ana ing dina Arofah iku bisa mbusek dosa rong
tahun, yaiku setahun kepungkur lan setahun kang bakal tumeka (HR Muslim).
Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kita sami kempal
manunggal saperlu taqorrub ilallah, nyelak wonten ngarsanipun Allah, kanthi
ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken sholat idul adha.
Dene tumrap ingkang mampu…samangke kalajengaken nindakaken ibadah
qurban injih mragat menda utawi lembu lan nasharruf-aken dagingipun dhateng
para  fakir-miskin lan sedherek ingkang
kapendeng mbetahaken.Qurban! Katindakaken ing dinten menika utawi ing dinten
tasyrik  tanggal 11,12,13 Dzulhijjah…..
Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu Akbar.
Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh
Qurban ingkang kita tindakaken menika, nuladha dhateng Nabiyulloh
Ibrahim Alaihisalam..nalika  kauji
keimananipun dening Allah SWT.  Rikala
semanten, Ibrahim  kadhawuhan dening
Allah supados ngurbanaken utawi mbeleh putra kinasihipun ingkang asma Ismail ingkang
nembe kewala mlebet usia remaja.
Saget kita raosaken kados pundi awratipun ujian menika. Anamung
jalaran kandheling keimanan lan ketaatan, Ibrahim Alaihisalam saestu nindakaken
ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados bilih Allah mboten badhe njomprongaken
kawulanipun ingkang taat.
Perkawis puniko dipun gambaraken wonten ing al quran :
قَالَ
يَابُنَيَّ إِنِّى أَرَى فِى اْلمَنَامِ أَنِّى أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى
قَالَ يَاأَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْمَرُ سَتَجِدُنِى إِنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ
.Hai anakku saktemene  Aku weruh
ono ing impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh
penemumu?” Ismail  njawab: “duh
bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan;
Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2 ingkang
sabar
Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd
Nalika Ismail sampun pasrah badhe kasembeleh. Ibrahim enggal
nindakaken dhawuhipun Allah. Gegaman ingkang sampun kaasah landep.. Tumuli  kabelehaken ing jangganipun
Ismail..Subhanalloh!!! .Saknalika, Malaikat Jibril rawuh lan ngantos Ismail
kanthi menda-kibas Tumuli malaikat Jibril ngendika bilih Ibrahim lan Ismail
sampun lulus ujianipun, lan Ismail mboten perlu kasembeleh, cekap menda ingkang
kaasta malaikat Jibril sewau ingeng kasembeleh, minangka gantosipun.
Allahu Akbar.Allohu Akbar.Laillaha illallohu Allohu Akbar. Allohu
akbar walillahilhamd.
Jamaah ‘aidiin wal aidat rohimakumullah
Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh ngelksanakaken qurban
kaemot wonten ing al quran..
فَصَلِّ
لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ
Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo
podo tindakno sholat krana robb-mu lan tindakna qurban
Qurban ingkang kita tindakaken minangka tanda syukur wonten
ngarsanipun Allah. Minangka bukti ketaaatan wonten ngarsanipun Allah. Minangka
taqorrub illalloh…nyaket dhumateng Allah. Kados katerangan ing surah Al Hajj
ayat 37 ingkang artosipun: Allah ora nampa daging lan getihe qurban. Ananging Allah
nampa ketaqwaan nira
Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakaddah. Anamung
para sederek ingkang mampu ampun ngantos owel nindakaken, ampun ngantos
eman-eman bandhanipun kangge ngleksanakaken qurban menika.
Jalaran  Rosulullah  SAW  nate
wasiat:
Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem nindakke
qurban, mangka aja cedhak-cedhak papan sholatku..(HR.Ahmad)
Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allohu Akbar
Jamaah rohimakumulloh
Yektosipun kathah sanget hikmah ing salebeting Syareat Qurban menika.
Keparengo kita aturaken kalih bab hikmah ipun, sageta kita tindakaken.
Sepisan: Sumangga kita ugi tansah nyembelih sifat-sifat hewan ingkang
mbok bilih tumanduk wonten ing manah kita.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan,
Mboten wonten dhawuh lan larangan.
Sifat  hewan ingkeng mekaten
menika kedah sembelih, kita icali  saking
manah kita. Bilih kita gesang menika mboten saget sak kajengipun piyambak kados
hewan…ananging kedah mawi tuntunan inggih al quran lan assunnah. Bilih kita
gesang menika kedah ngestokaken dhawuh lan nilar  larangan ipun Allah.
Allah suka pemut bilih Salah setunggaling ciri tetiyang ingkang
mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih  menika tiang ingkang  manahi, mripati lan talinganipun kados dene
gadhahanipun hewan…mboten pun ginakaken kangge nampi ayat-ayatipun gusti
Allah.
وَلَقَدْ
ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لا
يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا
يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالأنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ
الْغَافِلُونَ
Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam,
akeh-akkehe saka jin lan manungsa. Dheweke nduweni ati,ananging ora kanggo
ngrasakake, dheweke nduweni mripat ananging ora kanggo ndeleng, dhewekke
nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake. Dhewekke iku mau kaya kewan
ternak, kepara luwih asor saka maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada
katalumpen
Hikmah kaping kalih:
Hewan menika menawi sampun kacekap kabetahan biologisipun, pakan,
komboran, … sampun rumaos remen lan cekap gesangipun.
Anamung menawi manungsa, mboten namung cekap betahipun kadunyan
kemawon… ugi  kedah pados  cekapipun kampung akherat,.keslametan ing
kampung akherat…kados dhawuhipun allah:
وَابْتَغِ
فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الآخِرَةَ وَلا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا
وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الأرْضِ
إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira
(kabegjan ing kampung akherat) lan aja nglalekake bageanmu saka kabegjanmu ing
ndonya…..
Ing pramila sumangga kita ampun ngantos gesang kita kados dene hewan
namung mbujung kabetahan ndonya, (Hubuddunya) nglirwakaken kabetahan kampung
akherat..ngibadah wegah, sholat ora kuwat, pasa ora kuwasa, sehat kangge
maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa, qurban eman-eman…Naudzubilah hi min
dzalik.
Kosok wangsulipun supados kita tansah ghirah ngibadah pados mergi
kagem nyelak dhumateng Allah, kados dhawuhipun:
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ الْوَسِيلَةَ
وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah.
Lan padha goleka dalan kanggo nyaket marang Allah lan pada jihad-a kanthi
bandamu lan jiwa ragamu. Supaya sira dadi wong sing padhaa untung.
Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah maunah saget
ngathah-ngathah aken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan ing saengga kita
saget kagolongaken tetiang ingkang kaparingan kawilujengan fidunn ya illal
akhirah. Amin ya robbbal alaminn.
Jamaah Ied rohimakumullah
Salajengipun sumangga kita konjemaken manah, ndedonga wonten
ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah midhanget donga kita..Allah ingkang
ngabulaken pandonga kita..
إِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ
.
اَللَّهُمَّ
أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً
وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
.
رَبَّنَا
لاَ تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ
رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا
ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ
مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا
اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
رَبَّنَا
هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
.
اَللَّهُمَّ
اجْعَلْهُمْ حَجًّا مَبْرُوْرًا وَسَعْيًا مَّشْكُوْرًا وَذَنْبًا مَغْفُوْرًا
وَتِجَارَةً لَنْ تَبُوْرًا
Allahhumman shur muslimin wal mujaahidin fii ghaza  3x
رَبَّنَا
اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا
تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ
رَّحِيمٌ
رَبَّنَا
اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
.
سُبْحَانَ
رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ
وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
(Naskah khutbah bahassa jawa saat khutbah Idul Adha 1435 H di Lapangan
Mulyodadi, Bambanglipuro Bantul)

Normal
0

false
false
false

EN-US
X-NONE
X-NONE

/* Style Definitions */
table.MsoNormalTable
{mso-style-name:”Table Normal”;
mso-tstyle-rowband-size:0;
mso-tstyle-colband-size:0;
mso-style-noshow:yes;
mso-style-priority:99;
mso-style-parent:””;
mso-padding-alt:0cm 5.4pt 0cm 5.4pt;
mso-para-margin-top:0cm;
mso-para-margin-right:0cm;
mso-para-margin-bottom:10.0pt;
mso-para-margin-left:0cm;
line-height:115%;
mso-pagination:widow-orphan;
font-size:11.0pt;
font-family:”Calibri”,”sans-serif”;
mso-ascii-font-family:Calibri;
mso-ascii-theme-font:minor-latin;
mso-hansi-font-family:Calibri;
mso-hansi-theme-font:minor-latin;}

GRIYA HILFAAZ
Busana Muslim Berkualitas
💈webinfo : www.griyahilfaaz.com
💈IG : griyahilfaaz
💈Shopee : griyahilfaaz
💈Facebook: griyahilfaaz
💈Tokopedia: griyahilfaaz
💈Bukalapak: griyahilfaaz

Toko Busana Keluarga Muslim



SHOPCARTSHOPCARTSHOPCART
SHOPCARTSHOPCARTSHOPCART

Leave a comment